Para siswa ingkang kinasih, ngengingi ayahan/tugas ing preinan Ujian Nasional kala wingi, Bu Lia kaliyan Pak Hadi sampun mupakat damel tugas kados ingkang sampun kaserat ing blog. Menika kedah dipungarap para siswa kelas X kaliyan kelas XI IPA & IPS. Para siswa saged nggarap kanthi kelompok, sesarengan dipunrembag. Saged pados kawruh saking buku lan internet. Menika pareng kemawon. Ayahan utawi tugas menika sejatosipun kangge nambah biji rapot para siswa piyambak. Sanes kangge kaperluwanipun Bu Lia utawi Pak Hadi, boten. Saupami wonten siswa ingkang kirang sarujuk menawi tugas menika dipunserat ing blog-ipun Bu Lia (kangge kelas ingkang boten dipunwucal) nggih, mangga mangga kemawon. Blog menika sejatosipun sanes gadhahan Bu Lia pribadi, nanging ugi kangge kaperluwan MGMP Basa Jawi SMA 1 Blora. Upami ayahan/ tugas menika boten dipungarap, nggih mangga kersa kemawon. Kangge Bu Lia kaliyan Pak Hadi boten wonten ruginipun, malah kaleresan boten sisah ngoreksi. Bu Lia boten sayah, boten kesel. Nanging ingkang tuna/rugi menika para siswa piyambak. Amargi biji rapot para siswa ing piwulangan Basa Jawi menika menawi dipuntingali sejatosipun kirang sanget. Kasagedan para siswa menika kirang. Lha, kangge nambah-nambah biji supados tuntas menika inggih saking tugas-tugas menika. Upami para siswa boten ngempalaken, nggih dipunpenggalih piyambak kados pundi ingkang badhe kedadosan. Sampun ngantos malah ngungel-ungeli (ngunen-unen/protes) kaliyan tiyang ingkang boten wonten gegayutanipun, sinaosa menika keluwarga. Mangga, menika dipunpenggalih kanthi weninging tyas. Matur nuwun kawigatosanipun.
Bebuka
- Yulia Herti
- Wilujeng rawuh.....Sumangga maos orek-orekan kula... mangga nglestantunaken budaya lokal. Memayu hayuning bawana. Matur nuwun kawigatosanipun.
Isinipun
Tugas Terstruktur kelas XI
Author: Yulia Herti /(sawise ngrungokake tembang macapat, tulis cakepane/lirike wae, gatekake pilihan tembung, ejaan, lan pamedhoting tembung!)
(gawe karangan bebas/ prosa, ngenani isining tembang, 10 ukara wae!)
Tugas Terstruktur kelas X
Author: Yulia Herti /KAWRUH WAYANG
Author: Yulia Herti /
Semar ugi peparab Saronsari, Ki Lurah Badranaya, Nayantaka, Puntaprasanta, Janggan Asmarasanta, Bojagati, Wong Boga Sampir, Ismaya.
Semar wewatek sabar, blaka suta (jujur), grapyak, seneng guyon. Sasampunipun mandhap saking kahyangan, Semar dados abdi (panakawan) ingkang tansah paring wejangan dhateng para satriya. Nalika ing Kahyangan Semar menika bagus rupa, nanging sasampunipun dados Semar, mandhap ing arcapada (donya) awakipun dados lema, cendhek, pasuryanipun lucu, amargi netranipun sanityasa ngedalaken toya (mbanyu).
Kacarita, rikala Antaga, Ismaya lan Manikmaya ndherek sayembara ngeleg redi. "Sinten ingkang saged ngeleg lajeng ngedalaken redi saking panggenan kangge pamedalan, benjang saged dados raja ing jagad luhur, madya, lan andhap". Antaga nyobi ngeleg redi, nanging boten saged, malah tutukipun suwek, netranipun mlolo. Ismaya saged ngeleg, nanging boten saged ngedalaken, saengga padharanipun dados buncit, ageng, netranipun sanityasa ngedalaken toya (mbrebes amargi ngampet sakitipun). Sanghyang Manikmaya kasil ngeleg, jumeneng nata ing Kaendran utawi Suralaya. Sanghyang Manikmaya ugi nguwaosi jagad madya lan jagad andhap. Lajeng kadhawuhan dening Sanghyang Wenang mandhap ing bumi ngabdi ing para satriya tedhak turunipun Witaradya kalebet leluhur Pandhawa.
(sumber: Roeswardiyatmo&H. Margono.Pakartitama.Klaten:CV.Sahabat.)
CERKAK
KUWALIK
Joni thenger-thenger kaya wong klenger. Dheweke semendhe ana ing ngisor wit mahoni sing isih ngrembuyung karo nyawang gumuk sisih wetan sing wis gundhul, sing katon kari watu-watu pating pendhosol lan jurang-jurang pating crangap. Isih ana siji loro wit pilang lan plasa sing ora patiya gedhe. Amarga sing gedhe wis gusis ditegori penjarah ing awale reformasi dikumandhangake dhewe. Nganti diseriki kancane sing seneng dadi “pager mangan tanduran”.
“Jon… lagi ngapa?”, Wakidin takon ndadekake kagete sing ditakoni. Joni panggah isih kaya wong klenger temenan. Mung noleh sedhela, banjur nyawang mengetan maneh. Sing ditakoni ya rada gumun. Adate Joni yen ditakoni ya cepet nyauri, ora kaya saiki, ora ana jawaban sakkecap-kecapa.
“Apa ana kluwargamu sing lara?”, Wakidin penasaran.
“Ora.”
“Lha yen ora … apa sing dadi ganjelane pikiranmu? Yen ana masalah, blaka wae karo kanca. Apa wis ora percaya karo aku? Aku aja dipadhakake karo Karmo sing isih seneng ngapusi kanca. Apa kowe wis lali karo watakku?”
“Ora ngono, Pak …!”
“Lha terus, apa sing marakake penggalihmu cuwa? Apa ora ditakoni mertuwamu? Apa bojomu lewa? Masalah alas ora susah dipikir banget-banget, sing penting awake dhewe ora katut dadi pager mangan tanduran. Dene wong liya ngira sing ora-ora, ra sah dipikir. Percaya karo Sing Gawe Urip.”
Pancen Wakidin yen dikandhani Joni kaya ngandhani adhine dhewe. Wakidin sing umure wis patang puluh lima taun ya wis cukup pengalamane. Masalah pagaweyan alas wis ora kaget, yen kadhang kala ana wong jero sing melu dadi ama. Ning ya ora kena digebyah uyah padha asine. Biasane ana siji loro sing ora bener, wis dibiji elek kabeh.
Sanajan wis duwe masa kerja limalas taun urung katut diangkat, Wakidin ya ora nglokro. Tinimbang nganggur, lumayan ana sing dijagakake saben wulane. Kajaba bayaran saka Perhutani, dheweke uga nyambi tani. Yen dikerata basa, tani kuwi saka tembung ngratani. Maksude ngratani, akeh tanduran sing diasilake para petani.
Joni ya semono uga, senajan ijasahe SMA, dheweke ya melu tlaten. Olehe tlaten ya saka wejangane Wakidin, kanca sing paling kena dipercaya. Joni olehe nyambut gawe wis ana limang taunan. Manten anyar, oleh anake Pak Mandhor Taman sing nomer loro lulusan saka SMK.
Joni lan Wakidin iku kaya dene tumbu oleh tutup. Padha kencenge, ora melik duweke liyan. Wong loro kuwi wis padha duwe pedhoman, yen dudu rejekine, dirayah ra bakal ndadekake kantentreman. Sing ana mula lan anja-anja, kepengin duwe bandha saakeh-akehe, kanggo pitung turunan. Mula kekarone ya trima sepedha motor sing wis tuwa. Sing penting kena kanggo nyambut gawe.
“Jon …”
Sing rumangsa duwe jeneng diundang ya noleh. Sanajan nolehe rada aras-arasen. Semono uga sing ngundang ya wis rumangsa marem. Rumangsa digatekake, ora disepelekake,
“Ngene lho Jon … awakmu wis takanggep kaya sedulur dhewe. Mula, yen ana keruwetan ya kudu blaka karo aku. Aja disimpen dhewe, mundhak ora apik. Salah-salah yen ora kebeneran malah dadi penyakit.”
“Ngene lho, Pak … sawise awake dhewe ngoyak-oyak wong nyolong kayu kae, tekan ngomah aku ora ditakoni bojoku, sawise lukar pakean. Masalahe ya ora genah. Saben ditakoni masalahe, dheweke mung nangis. Yen wis nangis, ya ora bisa ngomong, wong terus sesegen. Apa ora judheg aku?”
“Ngoyak-oyak wong nyolong kayu, sawise awake dhewe padha adus neng kali kae ya? Malah adus durung rampung krungu wong negor kayu, terus awake dhewe kesusu nganti ora nganggo sepatu?”
“Iya, bener wektu iku, Pak.”
Wakidin krungu wangsulane Joni terus mbukak memori. Nalika semana padha adus ana kali. Senajan adoh lor kidul lan adus ana kali, Wakidin ora lali mesthi nganggo sabun. Wis biyasa sabun disimpen ana grumbul.
“Apa bojomu isih mambu sabun wangi kae apa? Dikira bar adus ana omahe gandhekan. Ya ora maido, manten anyar.”
“Apa ya ngono ya, Pak? Pancen tekan ngomah kae ya isih rada mambu wangi, sanajan wis campur kringet. Aku ya sempat ditakoni, takjawab yen bar adus saka kali.”
“Ya ora takon macem-macem?”
“Ora iku, Pak.”
Wakidin ngelus-elus bathuke sing klimis lan meleng-meleng merga kena kringet. Dheweke melu mikir nemokake masalahe Joni. Nganti nglangut, rada sauntara wong loro ora ana sing cemuwit. Padha ngumbar gagasane dhewe-dhewe. Saking nglangute, nganti tekan masalah alas sing padha gundhul. Akeh alas sing gundhul amarga penjarahan sing disponsori wong-wong kang akeh dhuwite, lan mung mikire wetenge dhewe. Isih ditambah maneh oknum-oknum saka njero lan saka njaba. Apa padha tau nonton TV? Ing TV wis digembar-gemborake yen alas gundhul marahi banjir, tanah longsor, iklim ya padha dadi bubrah, lan liya-liyane.
“Gedebug!!!”
Wong loro padha kaget, meh wae ketiban mahoni sing tiba merga dikrikiti bajing. Lamunane padha buyar, bali maneh kelingan masalahe Joni. Kira-kira masalhe apa ya, Jon? Apa awakmu nate guyon karo randha teles wetan omahmu kae? Apa awakmu nate tuku nomer? Apa main kertu?”
“Kabeh iku wis ora ana ing kamusku kok, Pak! Aku nate didhawuhi Mbah Kyai akeh-akeh masalah wong omah-omah. Yen siji lan sijine urung ana rasa percaya, tangeh lamun bisa mulya. Amarga isih padha ‘curiga mencurigai’.”
“Ngene wae, Jon … tekon liwat surat utawa tulisan. Mengko ben dijawab lewat surat uga. Iku yen pancen durung kena diajak rembugan lho. Yen wis bisa diajak rembugan, ya ora susah nganggo tulisan.”
Joni katon manthuk-manthuk, tandha yen mathuk.
Lha telung dina saka olehe rembugan karo Wakidin, Joni wis entuk jawaban saka bojone. Jawaban liwat surat diwenehake Wakidin, dikon maca dhewe.
Katur Mas Joni tercinta,
Mas … aku nyuwun pangapura ya. Wis pirang-pirang dina aku gawe susahe Mas Joni. Aku wis dicritani Bu Wakidin wektu sampeyan siram ana kali kae. Bu Wakidin ya saka bapake. Wektu sampeyan siram wong loro, durung rampung olehe siram, malah Pak Wakidin ya ora kanthi nganggo sepatu, malah clana lan sepatu sampeyan jarene ya terus dicangking.
Mas … sepisan maneh aku nyuwun ngapura ya … ora arep takambali maneh. Sing wis ya uwis, aku rumangsa getun banget. Sawise jelas dhodhok selehe, aku malah kudu ngguyu dhewe.
Olehku nesu karo sampeyan amarga aku ngerti yen celana dalemmu kwalik. Aku ngira yen sampeyan bubar selingkuh, jebule malah amarga kesusu arep ngoyak maling kayu.
Wis ya, Mas … trims.
(Istri yang suka cemburu; Manik S)
(Kapethik saking Panjebar semangat)
Bahan Ajar
Author: Yulia Herti /Kangge power point ingkang wonten aksara Jawinipun, kedah nginstal rumiyin font Aksara Jawi.