Bebuka

Foto saya
Wilujeng rawuh.....Sumangga maos orek-orekan kula... mangga nglestantunaken budaya lokal. Memayu hayuning bawana. Matur nuwun kawigatosanipun.

Tugas Terstruktur kelas X

Author: Yulia Herti /

TUGAS TERSTRUKTUR BASA JAWI
KELAS : X
SEMESTER   : GENAP

1. Padosana sawijining cariyos rakyat saking Pulo Jawi (crita rakyat ; saged legendha, dongeng, fable/dongeng sato iwen) basa Jawi!
2. Damel dhaftar tembung-tembung angelipun, lajeng padosana tegesipun saking maneka sumber (saged ningali bausastra/ kamus, utawi sumber sanesipun!
3.  Paraga lan watekipun. 
4. Sebataken piwulang sae ingkang saged dipuntuladhani saking cariyos!
5. Damel ringkesaning cariyos ngangge basa krama (20 ukara)!
6. Sanajan cariyosipun sami kaliyan kanca nanging asil padamelan kedah damel piyambak, boten copy-paste!
7. Asil padamelan dipunketik, lajeng dipunkintun wonten ing e-mail : yulia_smansabla@yahoo.co.id (serat nama, kelas, absen), print-out-ipun ugi kedah dipunkempalaken saderengipun tanggal 27 Maret 2010, padamelan kedah sampun dipunkempalaken!

0 komentar:

Posting Komentar

Panyaruwe

Website counter