Bebuka

Foto saya
Wilujeng rawuh.....Sumangga maos orek-orekan kula... mangga nglestantunaken budaya lokal. Memayu hayuning bawana. Matur nuwun kawigatosanipun.

KAWRUH WAYANG

Author: Yulia Herti /


SEMAR
Semar inggih menika putra Sanghyang Tunggal patutan kaliyan Dewi Wiranti. Semar kagungan sedherek kandhung inggih menika Sanghyang Antaga (Togog) kaliyan Sanghyang Manikmaya (Bathara Guru). Katiganipun dumugi saking tigan kanthi cahya sumunar. Rikala pinuja dening Sanghyang Tunggal, tigan pecah kulitipun mijil Togog. Pethakipun dados Semar, dene kuningipun mijil dados Bathara Guru. Nalika taksih wonten ing kahyangan, Semar ajejuluk Sanghyang Ismaya, patutan kaliyan Dewi Kanastri. Putranipun cacah sedasa inggih menika Sanghyang Bongkokan, Temboro, Kuwera, Wrehaspati, Siwah, Surya, Candra, Yamadipati, Kamajaya, Darmanastiti.
Semar ugi peparab Saronsari, Ki Lurah Badranaya, Nayantaka, Puntaprasanta, Janggan Asmarasanta, Bojagati, Wong Boga Sampir, Ismaya.
Semar wewatek sabar, blaka suta (jujur), grapyak, seneng guyon. Sasampunipun mandhap saking kahyangan, Semar dados abdi (panakawan) ingkang tansah paring wejangan dhateng para satriya. Nalika ing Kahyangan Semar menika bagus rupa, nanging sasampunipun dados Semar, mandhap ing arcapada (donya) awakipun dados lema, cendhek, pasuryanipun lucu, amargi netranipun sanityasa ngedalaken toya (mbanyu).
Kacarita, rikala Antaga, Ismaya lan Manikmaya ndherek sayembara ngeleg redi. "Sinten ingkang saged ngeleg lajeng ngedalaken redi saking panggenan kangge pamedalan, benjang saged dados raja ing jagad luhur, madya, lan andhap". Antaga nyobi ngeleg redi, nanging boten saged, malah tutukipun suwek, netranipun mlolo. Ismaya saged ngeleg, nanging boten saged ngedalaken, saengga padharanipun dados buncit, ageng, netranipun sanityasa ngedalaken toya (mbrebes amargi ngampet sakitipun). Sanghyang Manikmaya kasil ngeleg, jumeneng nata ing Kaendran utawi Suralaya. Sanghyang Manikmaya ugi nguwaosi jagad madya lan jagad andhap. Lajeng kadhawuhan dening Sanghyang Wenang mandhap ing bumi ngabdi ing para satriya tedhak turunipun Witaradya kalebet leluhur Pandhawa.

(sumber: Roeswardiyatmo&H. Margono.Pakartitama.Klaten:CV.Sahabat.)

0 komentar:

Posting Komentar

Panyaruwe

Website counter